Wednesday, February 1, 2017

Lahiran, kerjo

-Nak arep lahiran iku akeh2 i moco لاالہ الا انت سبحانک انی کنت من الظالمین (laailaha illa anta subkhanaka inni kuntu minad dholimin), insyaallah angger yakin bakale diparingi gampang lan lancar. Woco setiap bar sholat minimal peng 3. Iku dongane Nabi Yunus pas ono neg njero wetenge Iwak Paus. Terus nak bar lahiran ojo lali khataman neg makame Mbah Mutamakkin, tapi dibatasi waktune misale sak wulan / rong wulan kudu khatam.
-Ojo langsung arep-arep sugeh, soale "kekarepan iku ora biso nembus ketetepane Gusti Allah" . Nak kaidahe neng kitab hikam kae ( سوابق الہمم الخ). Disyukuri wae sitik2 gag po po seng penting halal.
-Nak pas kerjo, meskipun kerjo opo wae, khususe dodolan, akeh-akehi moco sholawat. Pas nunggoni dagangan moco sholawat, nak ono wong tuku leren sek, bar ngedoli moco sholawat neh insyaallah iso dadi tambah laris tur Barokah dodolan mu iku.
[KH. Nafi'Abdillah]
حاجین ،٩ ربیع الاول ١٤٣٨ھ

Terimakasih yai. Sehat selalu dan panjang umur, supaya tetap mampu membimbing dan mengarahkan kami yang selalu lupa diri.

No comments:

Post a Comment