“Kanjeng Nabi niku, mulai ajenge wafat ngantos tangi songko alam kubur sampek teng akhirat oro makhsyar niku, seng didisikno cumak siji tok: “ummatiy yaa Rabb..”. Seng ditakokno umate; seng dadi pikirane (lan) tangisane atine (Kanjeng Nabi niku) umate. Sakniki kulo kepingin takon: seng katah, mboten gebyah uyah, kiro–kiro poro kyai ulama’ sak mangken niku, semangat pundi olehe nangis ndungakno umate karo ngowehi ilmu umate?. Kiro–kiro semangat pundi?
.
(Poro) Kyai..., sampean tangisi.., sampean dungakno wau wong seng sampean wuruki ngaji... “Pegel aku, gak kuat wes..”, nggeh ta?. “Seng penting wes tak tuturi, wes tak wehi ilmu, dilakoni gak dilakoni, gak urusan. Iku hidayahe Gusti Allah”. Niku Kyai tambeng (ngoten) niku”.
~Hadlratusy Syaikh KH. Achmad Asrori Alishaqy RA
No comments:
Post a Comment