“Ayok mikir. Sampean kaleh kulo niku pun nggadah pikiran. Tapi wong nduwe pikiran (niku) gak tentu mikir. Nggeh nopo mboten?. Lha nek wong niku mikir, gak tentu mikir-mikir. Lha nek wong niku mikir-mikir, mboten tentu kepikiran. Dewe-dewe lho..Nggeh ta?. ”Kulo nggadah pikiran Yai..”. “Yo...wes mikir?”. “Sampun..”. “Nek wes koen mikir, wes koen timbang seng jeru ta?. Wes koen mikir-mikiri ta?”.. Lho.., durung..Nek pun sampean niku mikir-mikiri, mestine kepikiran; ndadekne susahe atine nek ono opo-opo seng gak cocok karo ridlae Allah... Tuman sampean kaleh kulo niku nyusahno awak kulo kaleh sampean dewe?. Mboten tuman kulo kaleh sampean susah karo awake niku.. Susahe niku cumak koyo (dadi) ilmu mawon, mboten (sampek dadi) roso..”.
“Iyo yo..akeh dosane aku yo..cek akeh salahe yo..wes emboh awakku iki..”. Emboh..emboh emboh..njawabe niku nopo? “Astaghfirullah al ‘adhiim..”, tapi duduk istighfar, cumak moco istighfar. Mangkane ba’dlus Shufiyyah ulama’ thariqah niku mboten wani ngomong “astaghfirullah..” niku... Mergo nopo?. Sungkan karo Gusti Allah: ngomong nyuwun ngapuro, tapi engko doyan maneh. Nggeh nopo mboten?. Akhire nopo ndongane?. “Allahummaghfirliy Allahummaghfirliy.. war hamniy wa ‘aafiniy wa’fu ‘anniy”. Pokoke pokok ya Allah..kulo niku Sampean ngapuro ya Allah..”, ngeten mawon..”mboten kulo nyuwun ngapuro”... Mboten wani (ngoten niku), ba’dlus Shufiyyah. Tapi nek kulo kaleh sampean niku kepekso (moco) “Astaghfirullah al ‘adhiim..” (nggeh) monggo..Tapi olehe (moco) “Astaghfirullah al ‘adhiim..”, ayo diniati ono ing njerone atine, mergo nderek dateng tuntunanipun Rasulullah...Lho niki lho, sendene niki lho..”
~Hadlratusy Syaikh KH. Achmad Asrori Alishaqy RA
No comments:
Post a Comment