Wednesday, August 30, 2017

I S T I Q O M A H

I S T I Q O M A H

"Kulo kaleh panjenengan niku nopo? “ummatu Rasulillah SAW”, umate kanjeng Nabi seng paleng lemah, nggeh ta?. Awak.e gak patek kuat, nggeh nopo mboten?. Umure endeg, nggeh ta?. Rizkine molak-malik; sak niki enten, mbenjing mboten enten; emben setengah enten, enggeh?. Ngken kapan maleh rodok enten, di samping enten yo sek nduwe utang; umure endeg!. Mboten mampu, umat Muhammad Rasulillah SAW niku. Kranten kewontenan kulo kaleh panjenengan kados mekaten kolo wau, dipun dawuhaken dening Rasulullah SAW, nopo niku?. Dipun aturi istiqomah; “inna ahabbal a’maal ‘indalllaah adwamuhaa wa in qallat”. Sing paling dicintai Gusti Allah niku lelakonmu seng istiqomah senajan titik.

Saben isuk sampeyan moco nopo?. Mboten moco nopo-nopo!. Gak tuman khatam qur’an?. “Mboten saget, mboten sempat”. Moco nopo?. “Cumak “qul hu”. Istiqomah?. Istiqomahno!. Lho niku seng didelek.i niku. Kadang-kadang kulo kaleh panjenengan mboten..., kadung metenteng, nggeh ta?. Nopo maleh katek (tepak) posoan, masya Allah!... Sampek jam siji-loro (sek) darusan.. gak peduli, bah tonggone grebegen, babahno!. Nggeh ta?. Bah tonggone loro ati, babahno!. Pokok.e darusan!. Kadung ngotot!. Entek riyoyoe, entek Ramadlane, nopo maleh entek; wes tanggal selikuran, (akhire ngajine) prei setahun!. Lho niki lho, kulo kaleh panjenengan niku nopo?. Ayok istiqomah!.

Dipun dawuhi dening Gusti Allah; “tatanazzalu ‘alayhimul malaaikat”. Barokahe istiqomah, (bakal) dibarengi malaikat. Nopo tandane kulo kaleh sampeyan niku dibarengi malaikat?. Ibadah, dzikire, perjuangane “an laa takhaafuu wa laa tahzanuu”. Ngadepi nopo mawon mboten tuman goncang atine; mboten tuman bingung. Nek sampek goncang, bengung, susah mergo gawane manungsane, pantes (nek ngantos) kaget..!. Tapi gak suwe-suwe!. Niki lho!. Niku tandane istiqomah. Yak nopo kiro-kiro?. Pun istiqomah nopo dereng?. Mugi-mugi saget istiqomah... Mboten akeh-akehan, mboten!. Titik-titik.an, pokok.e ajheg!. Istiqomah seng diwoco, istiqomah panggonane, nopo maleh atek istiqomah waktune!. Pun nggeh!."

~Hadlratusy Syaikh KH. Achmad Asrori Alishaqy RA

Repost Buletin Al Fithrah

No comments:

Post a Comment